Bimillahirrohmannirrohim
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Dhumateng panjenenganipun:
para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi,
para pengemban pangembating praja satriyaning Negara minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan,
para sarjana, para sujana sujaning budi ingkang sampun wenang hanampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagya mula,
nun inggih brayat ageng baraya wira wiyata, baraya wira tamtama,
para purna karya labet praja ingkang mahambeg luhuring darma,
para alim, para ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning illahi minangka kiblating panembah ingkang satuhu luhuring budi, panjenenganipun para stya wredha, carana madya, para tamu kakung sumawana putrid ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta sinudarsana.
Mradapa awit saking keparengipun (pamengku gati), kula ingkang kapitedhan sinaraya hambuka wiwaraning suka, wenganing wicara, dwaraning kandha minangka jejering pambiwara ngatruraken urut reroncening tata upacara ingkang sampun rinakit, rinangcang dening para kulawangsa ingkang tartamtu kewala kaeneraken wonten ing pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika, nun inggih panjenenganipun (pamengku gati) netepi darmaning asepun hangrakit sekar cepaka mulya, wiwaha siwi mahargya suta. Kanthi raos panalangsa ingkang hamengku karsa nyuwun wonten ngarsanipun Gusti ingkang akarya loka, miwah nyuwun donga pangestunipun para lenggah mugi kaleksananing sedya ing hari kelanggahan punika purwa madya wasana tansah pinaringan rahayu wilujeng tebih ing sambekala.
Para rawuh saha para lenggah saderengipun kula ngaturaken urut reroncening tata upacara ri kalenggahan punika mugi sageta jumbuh kalihan kuncaraning bangsa nuswantara ingkang linambaran luhur sarta agunging Pancasila sumangga nun dhumateng para rawuh saha para lenggah langkung-l;angkung para pinisepun ingkang sampum handungkap yuswa ingkang ateges sampun pana ing pamawas, keblating panembah saha lebda ing pitutur kula dherekaken manengku puja hastawa puji hastuti wonten ngarsanipun Gusti purbaningrat, karana agung barokah saha rahmating ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula ingkang sarta mugi lampahing tata upacara pahargya prasaja ing ri kalenggahan punika tansah winantu ing suka basuki rahayu nir ing sambekala.
Para rawuh saha para lenggah, sampun dumugi wahyaning mangsa kala binuka hing tata upacara:
-
Tinarbuka sowaning putra temanten putri saking sasana busana kepareng lumarak sowan ing sasana panggih ing sangajengipun kori, dening para ingkang piniji.
-
Marak sowanipun putra temanten kakung saking wisma palereman
-
Panggihing putra temanten kalajengaken upacara sungkem